NUSADAILYCOM - JOGYAKARTA - Keraton Jogja meniadakan tradisi Mubeng Beteng Malam 1 Suro. Pihak keraton beralasan kasus positif
ATUR PAMBAGYO LAMARAN Assalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun, para pinisepuh, paro sesepuh ingkang kinurmatan para kadang duta saraya saking calon besan sarta para lenggah kakung miwah putri ingkang bahagya mulya. Kaparenga kula matur karana kula piniji panjenenganipun Bpk. ………………………… sekaliyan kinen ngaturaken pambagyoharjo ing kalenggahan punika. Purwakaning atur sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Alloh SWT awit panjenengan sedaya dalasan kula tasih saget makempal nyawiji kanthi wilujeng. Para lenggah ingkang kinurmatan. Bp. …………………………. sekaliyan lumantar kula hangambali atur sugeng rawuh awit karawuhan panjenengan sekaliyan. Sinarengan raos panuwun mugi kaparenga panjenengan ipun para lenggah kasuwun lelenggahan kanthi sekeca. Salajengipun panjenenganipun Bp. ………………………………….. sekaliyan sampun gumolongaken pirembagakan kaliyan panjenenganipun Bp…………………………………… karana sami-sami netepi darmaning asepuh nedya angraketaken balung kapisah daging angrenggang ing atawisipun Bp……………………………………….. sekaliyan kagungan putra ingkang sesilih Bg………………………………………. Lan panjenengan Bp…………………………………. sekaliyan hanggandahi putri kanthi sesilih Rr……………………………………………………………………. Inggih awit samudayanipun sampun manunggal, cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika badhekaleksanaaken tata upacara pasrah-panampining upakarti winastan lamaran. Mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembatan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun Bp…………………………… sekaliyan mugi wontena jumurunging pamuji para lenggah sedaya hanggennya Bp………………………………… sekaliyan badhe nampi pasrahipun kadang besan tansah manggih basuki. Hambokbilih Bp…………………………… sekaliyan sum rambah para keluarga anggenipun nampi karawuhan panjenengan wonten kekiranganipun Bp. ………………………………….. sekaliyan nyuwun pangapunten. Ing wasana aturipun Bp……………………………… sekaliyan lumantar kula hambokbilih wonten atur kula ingkang mboten mranani mugi paring pangapunten. Nuwun, Akhirulkalam, billahit taufik wal hidayah. Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Monggo Wedal Kulo Kunduraken wonten Pranoto Adicoro
Berbaktikepada kedua orang tua 1. Demikianlah teks pidato bahasa Indonesia tentang berbakti kepada kedua orang tua. Ini adalah draft naskah lomba pidato anak-anak yang pernah saya buat dulu untuk ibu istri saya yang sangat saya hormati dan cintai. Hadirin semua yang dirahmati Allah. Contoh teks pidato tentang berbakti kepada orang tua.
Assalamu alaikum Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Panjenenganipun para Alim,’Ulama,ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, Poro pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ……..ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan. Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Shalawat soho salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin. Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu …… ingkang hamengku gati. Lajeng kawulo kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika. Purwakaning atur, Bp/Ibu …… soho kulowargo ngaturaken salam taklim Asalamu alaikum waroh matullahi wabarokatu. Bp/ibu …… ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin. Ing panginten, sanggya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang asesilih Rara Ayu …. atmojonipun bpk …… engakang kadaup dening bagus…… putra saliranipun Bpk …… ingkang pidalem wonten ing wewengkon …………. Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau/kalawingi enjing/sonten/dalu nuwun inggih dinten …. nyarengi surya kaping … titiwanci tabuh …… kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para sanak kadang. minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing tlatah …….. kanthi manggih wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa. Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu …… gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga RT …….. ngriki, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu ………… mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin. Para rawuh para pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu ……anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu ……..sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, ingkang samya mangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh mugi keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin. Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, Bp ……..sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya. Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu …….gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika. Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, lan cupeting atur keparenga nyuwun gunging samudro pangaksami. Wusoning atur wassalamu’alaikum
ATURPAMBAGYO HARJO . Bismillah hirohman nirohiim.. Assalamualaikum wr.wb. hambawabi damel mawi atur-atur para priyagung, para kadang sumitra tresna , adhedhasar rancangan ingkang kaangkah sageda handamel renaning penggalih ingkang sami rawuh , suprandene dumugining damel sami dipun rumaosi tasih kathah sanget kekiranganipun buja menapa
Jikakegiatan berupa sebuah resepsi pernikahan misalnya, maka atur pambagya ini memiliki makna kata sambutan dari tuan rumah kepada para tamu undangan. Secara ringkas atur pambagya meliputi hal sebagai berikut : 1. Ucapan selamat datang. 2. Ucapan terima kasih kepada tamu undangan. 3. Menyampaikan maksud serta menjelaskan secara singkat acara.
KeratonJogja memutuskan mengganti tradisi Mubeng Beteng dengan doa bersama. Doa bersama ini akan digelar di Bangsal Ponconiti. "Hanya diadakan umbul dungo. Umbul dongo itu wujud doa bersama dilaksanakan pada malam hari, malam Sabtu (29/7) di Bangsal Ponconiti," ujar Wijaya. Wijaya menjelaskan doa bersama itu pun digelar dengan jumlah terbatas.
. 4 470 193 94 344 323 14 241
atur pambagyo harjo lamaran